Jumat, 08 Maret 2013

Suporter Killer



MOCO koran iso weruh endi-endi
berita lokal sampek kabar luar negeri
onok berita olahraga, onok gosip selebriti
onok kabar kriminal korban dimutilasi

Foto: okezone.com



Berita politik pancene panas
sing lagi umup kasuse Anas
dheweke tau ujar kanti tegas
lek kebukti korupsi gelem digantung nang Monas



Omongane politisi ojo gampang dipercoyo
wingi omong ngene mene wis omong liyo
jare gak korupsi tibak’e kaspo
mbarang diperikso KPK nyanyi nyokot konco

Situasi Malaysia membara koyok geni
sing biasane aman saiki medeni
pasukan Sulu pingin ngrebut teritori
lha kok nang OKU sing gegeran TNI-Polri



Berita gegeran ora tau entek
malah ora jarang nggowo korban matek
koyok kedadian sing menimpa arek bonek
diajar suporter liar ndelosor sampek matek

Perang suporter duduk kabar anyar
ora nang kene ora nang luar
saling ngenyek nganggo omongan kasar
lek wis kebablasen bertindak ora nalar

Foto: bolaindo.com
Antar suporter dadine dendam
atine panas koyok api dalam sekam
ngenteni waktu nggolek kesempatan
karo merancang tindakan pembalasan

Peran suporter pancene perlu
supoyo tim sing didukung iso terus maju
tapi lek antar suporter selalu tukar-padu
keberadaane iku malah dadi pengganggu

Gegeran biso ngganggu keamanan
saling serang sampek makan korban
paten-pinaten mergo ndukung tim kesayangan
iku jelas tindakan model preman

Bal-balan ngono kudune sportif
sing dadi suporter ojok terlalu agresif
ayo saling dukung tapi sing kreatif
supoyo keamanan selalu kondusif****





(lha iyo, rek, rek.....

perkoro bal-balan ae kok sampek taruhan nyowo
ndukung yo ndukung, tapi ojok sampek paten-patenan ngono opo'o
lak yo mesakne lek wis kedadean koyok ngene
wong tuwane susah, sanak dulure susah
tobat, tobat......)

Minggu, 03 Maret 2013

Pejabat Korupsi

tuku soto babat nang warunge yu Nah
nang Purwodadi kulak'an wesi
onok pejabat sing ora amanah
tugase ngabdi malah korupsi

politisi ngono yo podho ae
onok sing sregep onok sing memble
wayahe kampanye akeh janjine
mbarang wis dadi akeh laline*****

Kamis, 24 Januari 2013

Putus Cinta


ONOK arek lanang jenenge Bejo
asale ndeso merantau nang kutho
tujuane mbantu wong tuwo
opo ae gelem sing penting kerjo

Kerjo nang kutho kerjo bangunan
soro-soro thithik sing penting mangan
lek onok duwik turah dilebokno celengan
lek wis cukup ditukokno sandhangan

Tuku klambi nang tugu pahlawan
modhele apik masio lungsuran
klambi lungsuran digawe malam mingguan
nang lapangan kodam nggolek gendhak’an

Nasipe Bejo termasuk apik
onok arek wedok sing ora nampik
pandangan pertama langsung tertarik
senajan Bejo ora gableg duwik

Telung ulan pacaran berakhir tragis
pacare gak tahan berkencan cumak ngisis
dhasare Bejo dompete lagi krisis
pacare ngajak nang McD malah ditukokno tahu petis

Pacaran putus Bejo ora pusing
pancene wong urip kudu tahan banting
putus cinta ojok nganti dadi sinting
sopo ngerti mene malah ditaksir Ayu Ting-ting ***

*) Oalah Jo, Jo. Yo ngono, dadi cowok kudu tahan banting. Urip iki keras, ojok malah dadi wong melas. Harus tegas, trengginas ojok hanya goro-goro putus cinta pikiran cupet terus bunuh dhiri nguntal tawas.
Sakmene ae dhisik, dulur, critaku dino iki tentang si Bejo. Mene-mene tak sambung maneh.

Mangan lontar rasane asin, lek Sampeyan arep komentar gak usah isin. Tak enteni! 

Salam.