Selasa, 27 November 2012

Tuntutan Buruh

saiki jamane rusuh
saben dino onok ae kisruh
opo maneh sing bergerak buruh
kadhang-kadhang nggarai dalan lumpuh

buruh ngono yo duwe bojo lan anak
kepingine iso urip enak
kerjo nggethu nganti ngeloro awak
yo lumrah lek njaluk bayaran mundhak

ora entheng dadi juragan
kudu iso ngayomi karyawan
saben dino dibebani penggawean
bayarono jumlah sing lumayan

mbukak BH nang njero kamar
sikil mlocot kesumet damar
pengusaha pancen sing kudu mbayar
buruh nuntut rego sing wajar

(iyo, rek. Demo yo demo, tapi sing tertib. Ora usak ngrusak, ora usah anarkis. Nuntut yo nuntut, tapi tuntutan sing wajar. Ojo sampek perusahaane awak'e dhewe kukut goro-goro ora kuat mbayar.... Salam; cak Jula-juli.)

Minggu, 25 November 2012

Bayaran Buruh

jaran rubuh nyekeli pundhak
sego wadhang rasane sangit
    bayaran buruh arepe mundhak

    rego-rego bakal sak langit*****