Kamis, 24 Januari 2013

Putus Cinta


ONOK arek lanang jenenge Bejo
asale ndeso merantau nang kutho
tujuane mbantu wong tuwo
opo ae gelem sing penting kerjo

Kerjo nang kutho kerjo bangunan
soro-soro thithik sing penting mangan
lek onok duwik turah dilebokno celengan
lek wis cukup ditukokno sandhangan

Tuku klambi nang tugu pahlawan
modhele apik masio lungsuran
klambi lungsuran digawe malam mingguan
nang lapangan kodam nggolek gendhak’an

Nasipe Bejo termasuk apik
onok arek wedok sing ora nampik
pandangan pertama langsung tertarik
senajan Bejo ora gableg duwik

Telung ulan pacaran berakhir tragis
pacare gak tahan berkencan cumak ngisis
dhasare Bejo dompete lagi krisis
pacare ngajak nang McD malah ditukokno tahu petis

Pacaran putus Bejo ora pusing
pancene wong urip kudu tahan banting
putus cinta ojok nganti dadi sinting
sopo ngerti mene malah ditaksir Ayu Ting-ting ***

*) Oalah Jo, Jo. Yo ngono, dadi cowok kudu tahan banting. Urip iki keras, ojok malah dadi wong melas. Harus tegas, trengginas ojok hanya goro-goro putus cinta pikiran cupet terus bunuh dhiri nguntal tawas.
Sakmene ae dhisik, dulur, critaku dino iki tentang si Bejo. Mene-mene tak sambung maneh.

Mangan lontar rasane asin, lek Sampeyan arep komentar gak usah isin. Tak enteni! 

Salam.

Selasa, 22 Januari 2013

Jaman Teknologi Informasi

SAIKI jamane Fesbuk
akeh uwong sing dadi mabuk
online terus sampek isuk
wayahe kerjo mripate ngantuk

Fesbuk ngono kadhang yo perlu
iso nambah konco pirang-pirang ewu
tapi ojok sampek nulis status palsu
jare OTW mBali padhahal nang omah turu

twitter iku wis seje maneh
mikro bloging panggone ngoceh
mbahas sing serius nganti sing remeh
iso diwoco karo wong akeh

abad saiki abad informasi
ojok sampek gagap teknologi
perkembangan jaman majune mesti
ojok sampek kari nang mburi

nang internet iku kabeh yo onok
mulai sing sopan sampek sing jorok
mangkane ati-ati lek arep nontok
ojok mbukak sing nggarai ati bobrok

ora nang internet ora nang ndalan
modhele busana ora karuan
opo maneh sing dienggo arek prawan
potongane ngapret koyok klambi kurang bahan *****

Jumat, 18 Januari 2013

Jakarta Kebanjiran

BANJIR menggenangi Jakarta
meluas hingga kemana-mana
tidak hanya melanda rumah biasa
tetapi sampai masuk istana

banjir gedhe arane bandhang
kabeh omah iso diterjang
begini nasib kalau sudah malang
banjir datang ada nyawa yang hilang

banjir Jakarta dudu lelucon
ora apik digawe guyon
tapi onok bocah sing malah bluron
adus nang kali karo ciblon

Jakarta pemimpine wis ganti
dulu bang Foke sekarang Jokowi
ayo konco melu ndongani
mugo-migo banjire ndang mari *****