saiki jamane rusuh
saben dino onok ae kisruh
saben dino onok ae kisruh
opo maneh sing bergerak buruh
kadhang-kadhang nggarai dalan lumpuh
buruh ngono yo duwe bojo lan anak
kepingine iso urip enak
kerjo nggethu nganti ngeloro awak
yo lumrah lek njaluk bayaran mundhak
ora entheng dadi juragan
kudu iso ngayomi karyawan
saben dino dibebani penggawean
bayarono jumlah sing lumayan
mbukak BH nang njero kamar
sikil mlocot kesumet damar
pengusaha pancen sing kudu mbayar
buruh nuntut rego sing wajar
(iyo, rek. Demo yo demo, tapi sing
tertib. Ora usak ngrusak, ora usah anarkis. Nuntut yo nuntut, tapi
tuntutan sing wajar. Ojo sampek perusahaane awak'e dhewe kukut
goro-goro ora kuat mbayar.... Salam; cak Jula-juli.)